Cari Blog Ini

Senin, 13 September 2010

SMS Sugeng Riyadi 1431 H

Ukara-ukara ing ngisor iki, yaiku SMS saka rencang-rencang. SMS mau kabeh nganggo boso jowo. Sugeng midangetaken.

Riyadi fitri sampun dumadi, muga kalbu kita wonten kahanan suci, bisa hanggayuh ridhaning Lillahi ya Rabbi. Taqaballahu minna waminkum, minal aidzin wal faizin - mohon maaf lahir & batin.
~Swd & Keluarga~

Suruping sang bagaskara ing akhir wulan ramadan pratanda lumebet ing wulan syawal, wulan ingkang suci. Sucining wulan syawal namung saged rumesep wonten ing manah ingkang suci lan wening. Pramila kawula ngrumaosi kathah kekhilafan namung hanyadong lumunturing sih samodra pangaksami. Sugeng riyadi 1431 H, minal 'aidin wal faizin
~BN & Keluarga~

Ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan.
~AH & Keluarga~

Kanthi wening panggalih ipun, bok bilih wonten catur wicanten utawi toto krami ingkang kirang trapsilo, hingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan, kula sakulawarga nyuwun agunging samudro pangaksami lair trusing batos , wonten ing dinten riyadhin puniko.
1 syawal 1431 H.
~Hr & Keluarga~

Posting by Mohammad Nurdin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar